Minggu, 25 April 2010

KARYANE MANG U'U: SYAIR PERJODOAN

Bismillahi ngawiti ingsun si'iran.
Klawan muji sukur dateng pengeran.

Ingkang sampun maringi keslametan.
Dateng sdaya jin lan insan.

Si'ir iki nerangaken perjodoan.
Lanang wadon ingkang urip bebarengan.

Bebarengan sbb iku dadi akur.
Pertengkaran sbb iku dadi mungkur.

Lamon mungkur mengko wadon dadi elik.
Lanang miyang nggawa koper arep balik.

Dadi kenen ayu pada akur maning.
Aja kaya persetu sing dingin.

Esuk2 manggul pacul miyang sawah.
Wadone sing nggodog wedang ng umah.

Tekang sawah mlakune ning gegalengan.
Bojone ngirim nyangking rantang lan wedang.

Linggih ning galeng mangane ajange rantang.
Bojone ngladeni ngucuri wedang.

Jam sepuluh balike iring2an.

Waya bengi turune ning amben ranjang.
Kasur kandel dadi siji wadon lanang.

Anging santri sira aja kesirian.
Wong ning pondok kudu tungkul ng pelajaran.

Mengko maning baka mondoke wis pinter.
Terus kawin ngadep naib ingkang teger.

Dadi santri gulang gulinge ning tekel.
Tangi turu pating plentung pada gatel.

Weteng krayak kruyuk rasane.
Pengen mangan arep liwet langka kayune.

Krasak krusuk ning kebon olie klaras.
Liwet geseng ditiliki wutuh beras.

Para santri kari mangan kaya meri.
Kari nganggo sandangan mundaki mentri.

Ikilah nasibe wong dadi santri.
Laka mbok laka bapa laka istri.

1 komentar: