Kamis, 30 Juni 2011

lanang wadon ingkang urip bebarengan

Esuk2 manggul pacul miyang sawah.
Wadone sing nggodog wedang ng umah.


Tekang sawah mlakune ning gegalengan.
Bojone ngirim nyangking rantang lan wedang.


Linggih ning galeng mangane ajange rantang.
Bojone ngladeni ngucuri wedang.


Jam sepuluh balike iring2an.


Waya bengi turune ning amben ranjang.
Kasur kandel dadi siji wadon lanang.


Anging santri sira aja kesirian.
Wong ning pondok kudu tungkul ng pelajaran.


Mengko maning baka mondoke wis pinter.
Terus kawin ngadep naib ingkang teger.


Dadi santri gulang gulinge ning tekel.
Tangi turu pating plentung pada gatel.


Weteng krayak kruyuk rasane.
Pengen mangan arep liwet langka kayune.


Krasak krusuk ning kebon olie klaras.
Liwet geseng ditiliki wutuh beras.


Para santri kari mangan kaya meri.
Kari nganggo sandangan mundaki mentri.


Ikilah nasibe wong dadi santri.
Laka mbok laka bapa laka istri.

2 komentar:

  1. mas... ini... artinya apa...
    di google translet bisa ga? :D

    BalasHapus
  2. kemarin si Mimin protes ama saya tentang bahasa jawa yg saya mengaku tidak mengerti. Katanya "bukankah indramayu itu bahasa nya jawa?".

    Lalu saya jawab bahwa lain ladang lain belalang (nyambung gak nih?)

    tapi sedikit sedikit dirimu ngerti kan?

    waya bengi turue ning amben ranjang. Kasur kandel dadi siji wadon lanang (kalo malam tidurnya di ranjang. Busa tebal jadi satu pria wanita)

    BalasHapus